Tampilkan postingan dengan label Lirik Lagu Tegalan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Lirik Lagu Tegalan. Tampilkan semua postingan

Selasa, 01 April 2025

Lirik Lagu Tegalan : Plesir Nang Tegal

Pancen bener jarene
Tegal apik kotane
Sekang kota madyane
Nganti kabupatene

Ngendi bae akeh tempat plesiran
Sekang pesisir nganti pegunungane

Pancen bener jarene
Tegal apik kotane
Lanang wadon plesiran
Adong dina liburan

Maring jajaran utawa maratua
Bisa mancing iwake, ya gede-gede

PAI, Panta Alam Indah
GUCI, Banyune seger mili
PURWAHAMBA, Dawet lan Kelapa
Dina Rebo, Rebo Wekasan

Ayo-ayo kanca-kanca
Dina libur nggo plesiran
Ayo-ayo kanca-kanca
Olih bae nggo gerelan

Asak aja kebangetan...

Sabtu, 04 Juli 2020

Lirik Lagu Tegalan : Man Pi'an Bakul Bakso

Man pi'an eh man pi'an
Man pi'an bakul bakso
Man pi'an eh man pi'an
Man pi'an bakul bakso

Baksone lumayan kena dinggo langganan
Baksone lumayan kena dinggo langganan
Man pi'an eh man pi'an

Semangkok satus perak
Imbuhe geplak
Man pi'an pancen lucu
Seneng gemuyu

Sampe sing pan tuku
Kabeh pada gelem nunggu
Man' pi'an eh man pi'an

Rabu, 25 Desember 2019

Lirik Lagu Tegalan : Duwe Duwe Ora Duwe (Krisis Ekonomi)

Duwe duwe ora due
Kudu sing akeh prihatine
Urip ning jaman saiki
Sing diarani krisis ekonomi

Usaha tetep usaha
Kanggo nafkahi keluarga
Susah payah dilakoni
Olih setitik tetep disukuri

Duwe duwe ora duwe...

Krisis... krisis...
Krisis... krisis...
Krisis ekonomi

Sandang pangan
Pupuk larang
Kabeh serba larang

Krisis... krisis...
Krisis... krisis...
Krisis ekonomi

Dollar mundak
Duit murah
Rega ora nggenah

Pengangguran pating slebar
Pegawean luruh susah

Kamis, 10 Oktober 2019

Lirik Lagu Tegalan : Luruh Ilmu




Ya Ngandel Nyong Sih Ngomong Apa
Lagi Kon Sekolah Ora Gelem
Krasa Kajogan Barang Wis Kaplak
Wis Kaplak-Wis Kaplak

Kiye Lagu Sing Judule Luruh Ilmu
Sing Nembang Bocahe Gering Ora Lemu
Ora Kurang Pangan Ora Penyakitan
Tapi Sebabe Pancen Kakeyen Pikiran

Ya Maklum Enyong IQ-ne Pas-pasan
Mulane Bocah Luruh Ilmu Sing Temenanan
Soale Wajib Awit Ceprot Sampe Mati

Presiden Nganjurna Sekolah Sampe Lanjutan
Jarene Ora Dipungut Bayaran
Tapi Sejen Karo Ana Ning Kenyataan 

Cita-citane Dari Guru Agama
Belajar Ngaji Esih Alip Ba Ta Sa
Awit Sing Mlebu TK Nganti Sarjana
Kon Mulang Awake Deweke Ora Bisa

Kanggo Apa Sekolah Duwur-Duwur
Yen Wis Lulus Jebule Esih Nganggur
Aja Ringokna Nada Suara Ngawur
Sing Ngomong Lagi Nonton Sinetron Si Doel

Memang Bener Apa Jarene Uwong
Pengin Kepenak Kerja Kudu Nganggo Ilmu
Tapi Ilmu Dudu Nganggo Luruh Kerja

Luruh Ilmu Memang Akeh Lika-liku
Luruh Kerja Juga Akeh Lika-liku
Liku-liku Cari Sekolah
Liku-liku Menjadi Kuli

Yen Duwe Ilmu Wis Dijamin Makmur
Pengin Dadi Apa Bae Wis Bisa Diukur
Asal Aja Sampe Dadi Dukun Cabul 

Esih Mending Yen Dadi Dukun Sunat
Apa Luwih Apik Yen Dadi Dukun Bayi 
Grayangan Rogoh Tapi Olih Gaji 

Cita-cita Boleh Setinggi Langit
Asa Njaluk Ning Tempat Sing Singit
Mbokan Dadi Tumbale Para Dedemit
Ente Kabeh Bisa Dadi Apa Bae

Sing Penting Ente Wis Ana Ilmune
Dadi Penyiar Kayak Zaldi SA
Apa Dadi Penyair Kayak Apito Lahire
Apa Dadi Dalang Kayak Ki Enthus Susmono 

Luruh Ilmu Ora Susah Royal Kadal
Ora Mesti Kudu Nebus Sing Formal
Sing Penting Nimba Ilmu Endah Pinter

Bocah Pinter-bocah Pinter
Mbesuk Dadi Dokter
Bocah Bodo-boca Bodo 
Mbesuk Dadi Kebo

Senin, 19 Agustus 2019

Lirik Lagu Tegalan : Bapane

Bapane...
Tuku epit ora sida, tuku motor duite laka...

Enyong isin karo tangga kiwa tengen
Pada ngece, ngeledeke kebangeten
Apa maning angger dijak lunga kanca
Belih sida gara-gara motore laka

Kiye loken nyong kiye kere bae ?
Mana mene, kabeh uwong pada ngece
Moh sekolah enyong uwis belih betah
Nduwe bapa ora kober maring bocah

Bapane...
Enyong kiye anake sapa ?
Kaya belih duwe bapa

Rabu, 31 Juli 2019

Lirik Lagu Tegalan : Sing Penting Mochi

Sing penting mochi, sing penting mochi
Ora peduli susah karo seneng
Sing penting bareng-bareng anteng

Ndodok nglemprak
Nggon ning tempat peteng
Barang balik ati pada seneng

Sing penting mochi, sing penting mochi
Ora peduli susah karo seneng
Sing penting bareng-bareng anteng

Ndodok nglemprak
Nggon ning tempat peteng
Barang balik pelayane pada meteng

Zaman saiki jaman lagi merit
Luruh duit nganti kapicirit
Mulane yen lagi akeh duit
Kudu di irit-irit

Sing penting mochi, ora kenal zaman
Ora peduli sugih apa mlarat
Sing penting kanca lagi akrab, awak lagi sehat
Mochine ora telat


Senin, 03 Juni 2019

Lirik Lagu Tegalan : Nglindur

Pancen enak nemen dadi raja
Serbane pan mangan apa ana
Pan turu pan lunga ana sing njaga
Uripe pancene sempurna 

Jamane kuwe aku rajane 
Tak pimpin pada bunga rakyate 
Sebabe aku bisa ngature 
Padha nurut apa jarene 

Aduh senenge... Nikmat jebule 
Ayem rasane... Enak serbane
Dadi raja lagi waktu kuwe 

Lagi seneng numpak jaran nduwur
Jebule aku monine nglindur
Gelane atiku gela nemen
Digugah melek nang nduwur kasur

Rabu, 03 Oktober 2018

Lirik Lagu Tegalan : Poma Rong Poma

Nyungsang njempalit, enyong ngudag rejeki
Nggo makani bojo, karo anak loro
Saben dinane enyong kudu riwa-riwi
Nggoleti gawean sing bisa dadi duit

Kadang mangkat esuk balike bengi
Kadang ninggal sholat klanen ngaji
Mung bae hasile... belih ngorupi
Kayong ngenes temen nasibe wong lanang, sing gemiyen sungkan luruh kepinteran

Hai... bocah enom' aja nganti urip kaya enyong
Umpamane sambel terasi laka uyahe
Nyesel saiki langka gunane
Mung bisa pasrah, apa anjoge ?

Enyong mung nuturi
Kentenga ngangsuh ilmu dinggo sangu
Mbesuk angger ngalami tua
Ora keder luruh sandang pangan

Urip bakal seneng, ibadah anteng...
Poma rong poma, aja pada tiru enyong
Cukup samene, enyong bae contone...

Rabu, 13 Juni 2018

Lirik Lagu Tegalan : Pelayan Warteg

Nok ayu, pelayan warteg
Bokong njentol geal-geol
Gawe nyong kecantol

Dodolane murah meriah
Segane anget, lawuhe akeh
Jangane enak

Nok ayu, aja salah sangka
Ora maksud inyong lagi nggombal kowen
Ebene olih utang maning

Mangan maning
Medhang maning
Nambah utang maning

Nok ayu, aja kuwatir
Nok ayu, aja dipikir
Soal utang... kuwe soal sipil
Ndeleng bae nok, bisnis nyong bakalan mbledos

Order tembus, utang inyong mengko tak lunasi
Nyong lagi olih order-olih order bisnis endog puyuh
Dongakena inyong sukses, inyong sugih
Mengko koen tak bagi...

Selasa, 05 Juni 2018

Lirik Lagu Tegalan : Ronggeng Kethek

Bocah pada kumpul
Sing pan pada ndeleng
Njagong sing teratur
Aja pada gemeter

Nonton ronggeng ketek
Ketek bisa njoget
Tabuhane rame
Goyang-goyang bokonge

Lirak-lirik matane
Pringas-pringis cangkeme
Luntur pupure
Kesel akeh kringete

Gantian kancane
Asu mikul kayu
Ketheke gemuyu
Asune isin mlayu

Sing duwe ngudag-ngudag
Sikile sampe kecengklak
Mlakune deglag
Sing nonton gemuyu ngakak

Rabu, 28 Juni 2017

Lirik Lagu Tegalan : Pating Gentoyor


Pating gentoyor, pating gelembor
Jam siji bengi, esih nang gili
Ora ngemuti bakale mati
Padha nginungi nang ndas mumeti

Pating getampling, mlakune lemes
Akhire njengking,wis ora pantes
Matane ngantuk, sikil kepadhuk
Nyangkol nang ebrug, endase benjut


Senin, 09 Januari 2017

Lirik Lagu Tegalan : Nyong Cinta Padamu

Foto : Maria Vania

Meseme manis pisan kaya madu
Pandangan matane gawe kelayu
Kepengin inyong dadine kenalan karo deweke
Gadis pujaane wong sapa bae

Mlakune dadi sawangan wong lanang
Bengine sing nyawang mesti kemutan
Enyong bae geregetan
Kangene wis belih tahan
Gadis pujaan nyong cinta padamu

Gadis pujaan sing kondang paling terkenal
Enyong kepengin dadi gerele
Mangan belih marem, bengi kangelan merem
Kemutan bae karo deweke

Oh, Gadis Pujaan... Nyong Cinta Padamu

Kamis, 22 Desember 2016

Lirik Lagu Tegalan : Tegal Banyumas

Yayangku, Siti Lemah Lembut
Sak Propinsi, Ndean Paling Yahud
Kenal ning umahe mahmud, inyong langsung kepencut
Waktu salaman jantungku sendat-sendut

Critane bar olih gajian
Inyong apel, rep pan ngejak dolan
Numpak motor rombengan
Bantere mung ning turunan
Ora ngurusi asal bisa boncengan

Sing Tegal ning Banyumas
Motor terus tak 'gas
Pacarku ndikep kenceng
Nyong tambah bregas

Balike apes tenan, pas ketemu tanjakan
Motorku watuk-watuk, ora gelem jalan
Akhire mlaku nggoleti bengkel
Tilange yayangku ora rewel

Lirik Lagu Tegalan : Duit

Lepet alah lepet ketan, endas mumet weteng kruyukan
Mumet mikiri duit, selat suwe digolet sulit
Duit diudag-udag kadangkala nggawe kejedag
Ari didelengena ngiwing-iwing ngarepe mata

Lepet dipangan lengkek, endas mumet dipejet-pejet

Uwong tukaran ana sing sebab duit
Uwong perangan akeh rebutan duit
Uwong kawinan ana sing ndeleng duit
Uwong pegatan akeh sing sebab duit

Kudune ati-ati duit bisa medeni
Angger salah ngadepi sengsara urip mati

Piring ala piring eseng, awak gering daginge enteng
Gering mikiri dunya, tambah suwe kayong pan nyiksa
Dunya diuber-uber, kadangkala pan nggawe klenger
Ari didelengena ngiwing-iwing ngarepe mata

Sepur dawa dampare, wong sukur tenterem uripe

Lirik Lagu Tegalan : Rapper Amatiran

Pingin kuliah, durung klakon
Pingin mbojo, durung klakon
Pingin sugih, durung klakon
Pingin gawe album, durung klakon

Rame-rame pada audisi, eben bisa nembang neng tivi
Tapi sayang lagi laka kesempatan, mbok menyanyi lagu tegalan
Daripada dipikir pusing, mending ngarang lagu karo ngising
Nembang lagu lagune dewek, aransemene sekarepe dewek

Luruh kunci sametune dewek, Program musik program dewek
Pengin rekaman rekaman dewek, Lamun kesetrum kesetrum dewek
Nggawe video clip nggawe dewek, Yen wis dadi ditonton dewek
Lamun ora apik ya nggo dewek, Lamun apik ya nggo dewek

(Kembali ke Pingin Kuliah)

Gunung slamet katon sing benjaran
Endas mumet durung bayaran
Mangkane pan nggo malam mingguan
Mendingan ngriyeng karo tembangan

Kiye lagu-lagu gampangan
Bahasane model lokalan
Rekamane karo glelengan
Ngedit lan Mixing karo mangan

Aja protes lamun brantakan
Kiye ophi rapper amatiran
Esih mending dadi rapper amatir
Daripada dadi wong kentir

Kaya kiye akeh sing naksir
Sebabe memang bocahe tajir

(Kembali ke Pingin Kuliah)

Lirik Lagu Tegalan : Sepiring Ditinggal Lunga

Apalah artine wong rumah tangga
Nurute angger enyong lagi ana
Yen kaya kiye... percuma bae
Urip laka senenge...

Angger sewaring kowen nerima
Sing sepiring ditinggal lunga

Aja nyawange tangga, sing sawahe amba
Nyong kuli rekasa...
Angger kowen kaya kuwe, inyong ora sanggup
Nyangga utang bae...

Tak pikir-pikir laka artine
Kowen gawe mumet selawase

Lirik Lagu Tegalan : Man Warso Sadar

Man Warso... rika kampiun temenan
Akhire rika eling ponakan
Pacarku si Ening dibalekna maning
Esih utuh laka sing gotang

Man Warso... rika pancen jempolan
Wis tak romnyahi ora endaman
Malahan saiki inyong dipecingi
Limang juta nggo modal dagang

Man Warso... rika asline loman...

Ngesuk nang dina jum'at
Inyong langsung pan akad
Man Warso panitiane

Sing gawe ajib maning
Dapur sampe mas kawin
Man Warso sing nanggung kabeh

Rika tak dongakena, bisnise terus nambah
Rejekine ya mabrah-mabrah...
Rika tak dongakena, dimein umur dawa
Mbesuk mati mlebu suwarga...

Man Warso... rika pancen jempolan

Jumat, 29 Juli 2016

Lirik Lagu Tegalan : Topeng Monyet

Senajan jarene Darwin, manungsa asale monyet
Nanging diparingi akal, becik ketitik ala ketara
Serakah sifat si monyet, yen memangan coprat-capret
Kancane blih pada duman, karepe kabeh dijarah raya

Mulane ya... sinok sitong
Mulane ya... sinok sitong
 Aja pada dadi monyet....

Angger kambing mangane suket godong
Angger kucing mangane iwak daging
Angger kambing nek mangan iwak daging
Angger kucing mangane suket godong

Suket godong, iwak daging
Suket godong, iwak daging
Kambing kucing... dipangan uwong

Nyet... Nyet... Nyet... Topeng Monyet
Gaweane ngeret-eret...
Nyet... Nyet... Nyet... Topeng Monyet
Watu kerikil rasane tongseng

Ana monyet topenge uwong
Topeng ucul, katon monyetnya

Rabu, 22 Juni 2016

Lirik Lagu Tegalan : Balapulang


Balapulang... ning kana biyen nyong lair lan dolanan
Langka listrik... paling banter patroma sing akeh ceplik
Kali banjir nggo ngumbahi, nggo adus, rok-rokan, inggek-inggekan
Akeh iwak, akeh jangkrik lan walang, susuh manuk pirang-pirang

Lubar ashar... bocah cilik, wong tua enom ling langgar
Uwong ngaji... saben umah swarane ngademi ati

Sing petani esuk-esuk wis pada nyawang tanduran
Sing pedagang repet-repet wis pada siap dagangan
Tukang kayu bar sarapan wis ngasah lendhepe suguh
Sing pegawai mangkat esuk sorene wis leyeh-leyeh

Katon anteng masyarakate, katon ayem suasanane
Balapulang... aduh... aduh... Balapulang...

Balapulang... saiki wis akeh nemen perubahan
Lampu padhang rapet umah ngantikan ning sawah-sawah
Kali cethek banyu mlithir sacuwil, diportas iwake enthek
Swara hewan wis diganti radio, tivi, pit lan kendaraan

Balapulang... pancene ora se-ayu jaman biyen
Tapi inyong tetep demen ora bakal bisa kelalen

Rabu, 27 Januari 2016

Lirik Lagu Tegalan : Alun Alun Slawi



Gambar : Alun-alun Slawi, Kabupaten Tegal


Wayah sore nang alun-alun slawi, rame uwong nganti tengah wengi
Apa maning malam minggu dina prei, nyambung esuk wong sing lari pagi
Luruh hiburan ora perlu larang, arep pan medhang' mangan apa gletikan
Nggelar klasa ndadekna pikiran tambah ora boros, bisa kaya si boss

Angger bae pacare lagi muncis
Ndas mumet kaya dipentung linggis
Dolan mene ora mikir karcis

Mesin bae kudu ane mendege
Hp bae ana entek batrene
Tanggalan bae mesti ana abange

Angger bae pacare lagi muncis
Ndas mumet kaya dipentung linggis
Dolan mene ora mikir karcis

Aja bae nyong rika lentak-lentuk
Aja bae nyong rika kena setruk
Nyambut gawe kudu ana lirene