Selasa, 01 April 2025

Lirik Lagu Tegalan : Plesir Nang Tegal

Pancen bener jarene
Tegal apik kotane
Sekang kota madyane
Nganti kabupatene

Ngendi bae akeh tempat plesiran
Sekang pesisir nganti pegunungane

Pancen bener jarene
Tegal apik kotane
Lanang wadon plesiran
Adong dina liburan

Maring jajaran utawa maratua
Bisa mancing iwake, ya gede-gede

PAI, Panta Alam Indah
GUCI, Banyune seger mili
PURWAHAMBA, Dawet lan Kelapa
Dina Rebo, Rebo Wekasan

Ayo-ayo kanca-kanca
Dina libur nggo plesiran
Ayo-ayo kanca-kanca
Olih bae nggo gerelan

Asak aja kebangetan...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar